Jumat, 26 Juni 2009

Kesenian Banyuwangi Pilih Tandhing Sagah Saing

Kejolok kadhung dadi wong Banyuwangi sing duwe rasa agul nyang telatah petilasane Blambangan iki. Sing ana kang kurang ring Banyuwangi. Lemahe subur lan wera. Duwe alas, gunung uga segara. Kabeh ana ring Banyuwangi. Bandhingnatah ambi dhaerah liya. Paran maning kadhung ngomongaken kesenian. Sing ana tunggale. Puluhan kesenian kesenian urip lan mekare ring Banyuwangi. Ana kesenian tradhisional uga kesenian modheren. Utamane kesenian tradhisional. Kadhung dhaerah-dhaerah liyane akeh akeh-akehe bingung sing duwe kesenian tradhisional, ring Banyuwangi milih methik. Ana gandrung, angklung paglak, angklung caruk, hadrah kuntul, hadrah caruk, kundharan, janger, rengganis, patrol, barong bengi, barong ngarak, jaranan buta, pacul guwang, campursari lan magih akeh liyane. Durung maning kendhang kempul lan pop Banyuwangi.
Mula sing salah kadhung para sarjana utawa peneliti embuh kang teka lokal lan manca nyebut kreatipitas kang dhuwur. Kesenian kang akeh iku sing bakal ana kadhung wong Banyuwangi sing landhep pikire. Wis lawas lan akeh para ahli kang kepincut neliti lan nulis kesenian Banyuwangi. Misale, John Scholte taun 1927 nulis “Gandroeng Van Banjoewangi”, Paul Arthur Wolbers teka Inggris taun 1980 nulis “Maintaining Using Identity Through Musical Performance Seblang And Gandrung of Banyuwangi, East Java Indonesia,” Bernard Arp nulis soal seni maca lontar Tembang in Two Tradition, lan puluhan peneliti asal Indonesia dhewek.
Kesenian Banyuwangi wis nggadug endi-endi. Ping kaping-kaping gandrung lan kesenian liyane diundang Presiden njuged ring istana negara, TMII (Taman Mini Indonesia Indah), TIM (Taman Ismail Marzuki) Jakarta, Kuta Carnaval Bali lan sing kaitung kutha-kutha liyane ring Indonesia. Ring negara manca, kesenian Banyuwangi wis tau tampil ring Landa, Amerika, Hongkong, Korea, Australia, Jepang. Ring Jepang, kesenian Banyuwangi makili Indonesia ulih penghargaan dadi penyaji paling apik ring antarane 18 negara kang milu acara Midosuji Parade 2006.
Gendhing Umbul-umbul Blambangan tau menang ring Pusan Korsel ring acara lomba lagu etnik tingkat internasional. Gandrung Temu taun 1990 suwarane direkam ambi Philip Yampolsky teka Food Foundation Amerika, judhul albume “Song Before Dawn”. Kaset lan CD-ne Mbok Temu iki diedol sak donya lan bisa dituku kelawan download ring internet. Suwarane Mbok Temu uga tau ngisi soundtrack salah sijine pilem prodhuksine Hollywood.
Durung maning kadhung ngomongaken seni sastra. Cerita Sritanjung kang dadi asal usule aran Banyuwangi iku wis kesuwur sakat abad XIII. Mulane ring buku Ensiklopedi Indonesia kesebut “aliran sastra Banyuwangi”. Anyar-anyar iki ring acara pertemuan para penyair Jatim ring Surabaya, para Banyuwangi melopori laire babakan anyar, yaiku puisi gendhing lan seni sastra pertunjukan. Yaiku cara anyar maca lan nampilaken guritan kang sing lumrah kaya umume.
Wistah rika kabeh kang rumangsa dadi wong Banyuwangi mesthi bain mongkog atine ngawasaken ubeg jenggirate, mili derese lan semilir arume seni Banyuwangi nyerambah lan ngukir langite jagad kesenian ring donya.

Sumber :Lancar Basa Using SMP Kls VII

Tidak ada komentar:

Posting Komentar