Jumat, 19 Juni 2009

Musik Dhaerah Lare Using …Banyuwangi

Musik dhaerah Banyuwangi wis mbelung sungsum ring kalangane masarakat Banyuwangi. Saben dina wong Banyuwangi nyetel musik dhaerah dienggo rungon-rungon kanggo ngelipur ati. Lare cilik sampe wong tuwek dhemen ngerungokaken musik dhaerah. Sedina bain sing ngerungokaken musik dhaerah kuping rasane sing enak. Musik dhaerah wis dadi siji ambi kupinge masarakat Banyuwangi, utamane masarakat Using.
Nurut riwayate, sakdurunge njumbul musik dhaerah wis ana musik angklung. Bengi-bengi sakmarine megawe wong-wong padha gendhingan nganggo musik angklung kanggo ngelipur ati lan ngilangaken kesel-kesel. Kerana musik angklung iku seru enake mula sebagean warga masarakat aju ngedegaken grup musik angklung. Saben grup latihan mempeng makene terampil lan mahir mainaken musik angklung. Pungkasane, serta pirang-pirangane taun aju njumbul musik dhaeah kaya saiki iki.
Gebyare musik dhaerah aju njumbulaken ilham ring kalangane penggurit Using kanggo nulis guritan kang apik. Sing kelalen pengarang lagu uga milu nggenyaraken musik dhaerah. Sing sithik guritan Using kang digubah dadi lagu dhaerah terus nggugah semangate seniman iku kanggo ningkaten mutune musik dhaerah. Masarakat nyamut musik dhaerah kelawan girang. Iyane kabeh sing cuma ngerungokaken musik dhaerah tapi uga nanggap grup musik lan penyanyi dhaerah kasuwur waktu repot. Pentas musik daherah dadi tonotonan kang ndhemenaken.
Penggurit-penggurit lawas lagu dhaerah antarane kang Adang C.Y, B.S. Noerdian, Tuki Afandi , Mf.Hariyanto, Mahawan, Endro Wilis, Sutrisno lan liyan-liyane. Sakat magih lancing-perawane sampe tuweke iyane kabeh sing leren-leren ngarang guritan kanggo lagu dhaerah. Isi guritane macem-macem. Ana guritan kang nyeritakaken pengalaman pibadine, ubege lare-lare Using, lancing-perawan kang kedanan, semanget mbangun dhaerah Banyuwangi, kesatriyaan lan liya-liyane. Penggubah musike pinter seru ulihe nyipta musike saengga pas temenan ambi guritan kang dikarepaken pengarange. Suwara penyanyine uga enak-enak lan bisa mahami isi serta makna kang keuwot ring geguritan iku. Antarane pemusik lan penggurit lagu dhaerah bisa megawe bareng lan duwe apresiasi kang jero saengga lagu dhaerah saya apik, endah lan kondhang.
Bareng ambi kemajuane jaman, musik dhaerah ngalami uwah-uwahan embuh iku wujud lan iramane. Musik dhaerah kang bengen dimainanken nganggo musik angklung , kendhang, peking, kethuk,saron, gong, demung,selenthem lan baolah saiki wis uwah nganggo gitar lan orgen listrik. Liwat pekakas musik listrik iyane lebih kreatip lan gebare musik dhaerah lewih rame.
Penampilan penyanyine uga ngalami uwah-uwahan embuh iku dandanane utawa jugedadane. Bengen penyanyi dhaerah biyasahe tampil nganggo kelambi tradisional has Using utawa jebeng-thulik. Saikine sing karia akeh penyanyi dhaerah kang magih gelem nganggo kelmbi jebeng-thulik. Rata-rata kelambine modhel penyanyi dhangdhutan, yaiku bonel utawa celana nyapret, malah ana kang nganggo rok cekak modhel penyanyi pop. Iyane rumangsa sreg nganggo kelambi kaya gediku makene dianggep penyanyi modheren. Bab iki keneng deleng waktu ana tonotonan musik dhaerah. Umpama ana penyanyi kag gelem nganggo kelambi jebeng-thulik iku Cuma pas ring acara-acara tertemtu.
Bengen jugedane penyanyi dhaerah rata-rata jugedan has Banyuwangi. Saiki jugedane penyanyi dhaerah kaya-kaya wis nyeliwah teka tatanan juged has Using. Rata-rata jugedane modhel dhangdhutan kang kadhang-kadhang solahe wis kebacut. Musik dhaerah mula wis akeh ngalami uwah-uwahan. Masiyo gediku, wis semestine lare using hususe utawa wong banyuwangi pada umume kudu tetep jaga kelestarian musik dhaerah Banyuwangi. Nguri-nguri budaya lan musik lare using sampek kapan wae, ojo sampek mati. Isun sing biso lali ambi musik dhaerah banyuwangi..:)

Sumber : Paseh Basa Using 3 SLTP

Tidak ada komentar:

Posting Komentar