Selasa, 30 Juni 2009

Sayu Wiwit Srikandhi Blambangan

Sapa bain mongkog atine kadhung niti sejarahe Sayu Wiwit. Wanita turunan bagsawan kang lila urip uled ambi rakyat, ninggalaken urip enak ring puri. Urip sara teka alas siji nyang alas liyane ngelawan Kompeni kanggo mbela tanah kelairane. Sing iku bain, Sayu Wiwit iku wong wadon kang bisa dadi panglima perang mimpin perajurit lanang lan wadon. Sayu wiwit duwe wibawa gedhe lan sagah ngobong amuk perang ring akeh panggonan. Ring Blambangan kulon, Sayu Wiwit mimpin perang ring Puger, Senthong lan Nusa Barong. Ring Blambangan Wetan yaiku ring Bayu lan Lateng. Pantes mula kadhung Sayu Wiwit kejuluk Srikandhi Blambangan.
Sayu Wiwit iku anake Mas Gumuk Jati. Iyane laki ulih anake Wong Agung Wilis yaiku Mas Surawijaya. Dadi Sayu Wiwit iku anak mantune Wong Agung Wilis. Mas Surawijaya lan Sayu Wiwit padha-padha bareng bela pati ngelawan Kompeni.
Sayu Wiwit ngawiti bela patine mbantu Leboksamirana ring Jember. Leboksamirana iku wong Medura kang sengit nyang Welanda. Nalika Sayu Wiwit gadug Jember, rakyat pating girang nemu pemimpin kang diarep-arep lan gedhe pengarepane bisa ngerasakaken urip merdheka. Mula sing sepira suwe rakyat Puger lan Senthong dipimpin Sayu Wiwit nyerang pos Steenbergen. Serdhadhu Landa akeh kang mati, pos Sttenbergen bisa dikuwasani. Sayu Wiwit lan perajurite nerusaken serbuan nyang garnisum Nusa Barong. Ning kana serdhadhu Landa uga akeh kang nemu pati, pos Steenbergergen bisa dikuwasani.Sayu Wiwit lan perajurite nerusaken serbuan nyang garnisum Nusa Barong. Ning kana serdhahdhu Landa uga akeh kang nemu pati.
Serta mari ngerebut pos Steenbergen lan garnisum Nusa Barong, Sayu Wiwit lan perajurite nuju Senthong, Jember Lor. Ewonan rakyat ring Gunung Raung mudhun milu bela pati. Welanda sing sanggup ngadepi ewonan pejuang, ahire nyingkrih teka Jember. Makane Welanda sing balik maning nyang Jember, dalan kang nuju Jember dirusak, wit-wit ditegor kanggo nebeng lurung.
Nalika ring Bayu rakyat Blambangan kumpul dadi siji ancang-ancang perang ngelawan Kompeni, Sayu Wiwit lan keluwargane boyongan nyang Bayu perlu aweh tulung nyang Pangeran Jagapati. Kelawan sunar wibawane, para bekel kang ditemoni sak dawane dalan nuju Bayu diejak milu perang, yaiku bekel Utun teka Bedhewang, bekel Undhuh teka Lemabangdewa, bekel Runtep teka Lemabangkidul lan akeh maning liyane.
Gadug benteng Bayu, Sayu Wiwit dipapag ambi Pangeran Jagapati. Kerana pengalamane perang ring Blambangan Kulon, Sayu Wiwit dijaluki gelem nularaken bab polah perang nyang perajurit Bayu. Sing iku bain Sayu Wiwit uga dijaluki piduduhe kapan dina kang apik kanggo nyerang Kompeni. Polahe Sayu Wiwit iku dipercaya duwe ilmu kaweruh kang jeru. Serta wis gadug wayahe, kabeh wong Bayu lanang wadon maju perang. Perajurit wadon nganggo penganggo kaya dene wong lanang. Sayu Wiwit nggawa gaman patrem lan tumbak pengawinan. Perajurit Bayu berangkat perang sinambi tetembangan gendhing perjuwangan. Gadug Tegalperangan Songgon, Sayu Wiwit pidhato kanggo ngobong lan mbombong semangate perajurit. Asile, serangan kang ndadak lan edan-edanan, nggawe pasukan Landa morat-marit melayu sipat kuping. Naming ring perang iki Pangeran Jagapati nyandhang tatu kang seru. Sedurunge ninggal, Pangeran Jagapati ngangkat Sayu Wiwit dadi gantine. Sakteruse Sayu Wiwit kang mimpin perajurit Bayu.
Tengah-tengahe Sayu Wiwit ring Bayu, mara-mara ana kabar, lakine yaiku Mas Surawijaya ninggal ring Puger. Sayu Wiwit sakal nggawa perajurite nyang Puger ngadhepi pasukane Kapten Marhaelu. Marhaelu tiwas, naming Sayu Wiwit ninggal keneng meriyeme Kapten Heinrich. Rungu kabar iki wong sak werane bumi Blambangan sing bisa nyingedakaken susahe. Lan kabeh rumangsa kelangan pemimpin kang wis lawas lega lila ngabdi nyang rakyat. Lan kabeh rakyat Blambangan weruh kadhung Sayu Wiwit lawas ngidham kepingin weruh rakyate urip seneng.
Iku mau perjuwangane Sayu Wiwit, wong wadon kang bela pati ngungkuli kodrat wadone. Kabeh nduduhaken kadhung wong wadon Blambangan duwe aji lan ngerti kelendi kudune mbelani tanah kelairane.

Sumber : Lancar Basa Using VII

Tidak ada komentar:

Posting Komentar